Skip to main content

ATUR PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG BADE IJAB ( Kanthi Prasaja ) )



Setelah dua kali mendapat mandat menjadi ‘talanging basa’ atau juru bicara untuk menyampaikan dan menerima ‘lamaran’ atau pinangan, dikesempatan lain ternyata saya ‘dipaksa’ lagi menjalani tugas untuk urusan adat Jawa.

Kali ini, saya diminta salah satu keluarga untuk menjadi juru bicara ‘atur pasrah calon temanten kakung’ - pasrah calon mempelai pria, kepada calon besan menjelang acara ijab qabul. Permintaan tersebut saya jalani, meski, sekali lagi, dengan cara yang amat sederhana dan apa adanya.

Pengetahuan dan pengalaman yang sangat minim tidak menghalangi saya untuk melaksanakan tugas tersebut sebagai bagian dari pengabdian di tengah masyarakat.

******
Berikut contoh atau tuladha apa yang saya sampaikan tersebut.

Assalamu 'alaikum wr.wb.

·         *** Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.

     *** Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

·        *** Panjenenganipun Bapak Susilo ingkang hamikili Bapak Sukimin sekalian ingkang tuhu
           kinurmatan.

·        *** Bapak Sukimin sekaliyan ingkang kula hurmati.

Sakderengipun kula matur menggah wosing gati ing ari kalenggahan punika, sumonggo panjenengan sedoyo kula Derek-aken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Kawoso, awit saking nikmat soho rohmatipun, kita sami maksih pinaringan kawijujengan, kabagaswarasan, saget makempal, silaturahmi wonten dalemipun Bapak Sukimin, kanti kebak karaharjan.

Nuhoni keparengipun Bapa SUPRIYANTO, ingkang pidalem Plumbungan Kec. Karangmalang, Kabupaten Sragem, wonten ing ngarsa panjenengan, kula minangka sulih sarira, kadhawuhan matur :

Ingkang Sepisan : ngaturaken salam taklim pangabekti saking Bapa SUPRIYANTO dalasan sedoyo kulawarga, kanthi atur “Assalamu ‘alaikum warahmatullaahi wabarakatuh” katur dumateng Bapa Sukimin sekalian sak kulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan sagotrah tansah winantu ing kawilujengan, pikantuk berkahing Gusti Ingkang Maha Mirah, Allah SWT.

Kaping kalih, kula kadhawuhan hanyowanaken putra kakungipun ingkang nami Bagus INDRA SAPUTRA   awit  sampun sami gumolonging nala, Mugi kaparenga ka-IJAB  nikahaken kalian pun Roro RIRIN putra putrinipin Bapa Sukimin sekaliyan.

Pepujinipun Bapa  SUPRIYANTO  sakulawarga, mugi IJAB QOBUL sageto kalampahan kanthi wilujeng, kalis ing rubeda.

Minangka jangkeping tata krami, sarta hanetepi adat Jawi, kula kinen ngaturaken sawetawis pisungsung arupi ubo rampe, minangka tandha tetangsuling katresnan saking calon penganten kakung. Sanadyan mboten sepintena, kanthi pangajabing manah mugi sageda anambah raketing raos kekadangan.

Ing wasana, awit samudayanipun sampun kasowanaken wonten ing ngarsa panjenengan, pramila panjenenganipun Bapa Susilo utawi ingkang nyarirani mugi kepareng hanampi kanthi lila legawaning penggalih.

Cekap semanten atur kula. Menawi wonten kirang trapsila anggen kula matur, lan ugi kirang subosito anggen kula sak rombongan sowan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. 

Nuwun

Wassalamu 'alaikum wr.wb.

Suparto


Comments

  1. Ijin copy ngih pak Parto Mugi Mugi berkah

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nggih, mas Nugroho Nurcholiq. Mugi2 tansah migunani..

      Delete
  2. Dalem ugi nderek nyonto kagem pasrahan calon manten. Matur nembah nuwun Pak Parto...

    ReplyDelete
    Replies
    1. Nggih, Mas Sigit. Niki kula nggih nembe ajaran. Tur kepekso..

      Delete
  3. Matur nuwun sanget dimas Suparto paringipun text Pasrah Calon Pengantin Kakung. Hyuwun izin kula sinau nggih?

    ReplyDelete
  4. Kula ugi nderek nyonto kangge pasrahan penakan dados manten. Matur sembah nuwun Pak Parto, mugi berkah. Aamiin.

    ReplyDelete
  5. Monggo. Sami2. Mugi2 Berkah sedayanipun...

    ReplyDelete
  6. Nyuwun ijin copy nggih Pak.. kangge bahan pasinaon. Ketingalipun langkung gampil dipun mangertosi lan mboten rumit..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Monggo, Mas. Kagem sinau sesarengan. Taksih kathah kekirangan. Pangapunten, niki kula damel "terobosan" piyambak.

      Matur nuwun .

      Delete
  7. kulo nyuwun ijin copy njih pak nderek nyonto matur nuwun sanget

    ReplyDelete
    Replies
    1. njih, monggo. mugi2 migunani. matur nuwun, sampun mampir wonten blog niki..

      Delete
  8. Sae menika, ringkes nanging jangkep.

    ReplyDelete
  9. Terima kasih bnyak bpk suparto
    Kseharian sya bngkel mtor & sya ikut pnclonn perngkt desa.Alhamdulillah lolos yg sy tkutkan ktika brbicra d dpn orng bnyak... Berkt tlisn bpk yg sya hfalkan dpt brjaln dgn lncar pdhal sy kurng thu ap artinya.... Klo bs buka tmpt kursus sekalian pak.... Anak muda sekrng kirng pham dngn bhs jawa..

    ReplyDelete
    Replies
    1. Matur nuwun, Mas Danang. Respon panjenengan sae sanget..

      Delete
  10. Nderek ngopy njih pak Parto,kagem latihan dados tiyang sepuh wonten Masyarakat
    Matur nuwun sanget ,Mugi Alloh paring berkah kagem Bapak sekeluwargo,aamiin

    ReplyDelete
    Replies
    1. Monggo, Mas. Mugi migunani sedayanipun..
      Aamiin.

      Delete
  11. Bp. Kisdi, kepareng ngaruraken panuwun bopo suparto, awit inggih dalem nggih asring kadapuk atur sedoyonipun, awit puniko kulo pikantuk ilmu malih tambah wawasan malih, awit sepindah maturnuwun, monggo kito sami nguri-uri boso jawi ingkang sae puniko, nuwun.

    ReplyDelete
    Replies
    1. Matur nuwun, Bp. Kisdi. Mugi2 berkah sedayanipun...

      Delete
  12. Nywun Sewu pak Parto, Kulo kajibah MC Lamaran , lha pas acara penyerahan sasarahan , Kulo taksih bingung e. Tlg nggih

    ReplyDelete
  13. Nyuwun Kepareng
    nempil sesorah kangge ngemban jejibah
    Mtr nuwuuuuuun

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

TANGGAP WACANA ATUR PAMBAGYA HARJA

Pada rangkaian acara resepsi pernikahan, keluarga yang mempunyai hajat (punya kerja), berkewajiban menyampaikan sambutan (tanggap wacana) selamat datang kepada seluruh hadirin. Dalam tatacara resepsi adat Jawa disebut Atur Pambagya Harja, atau atur pambagya wilujeng. Dalam sambutan ini, orang yang punya kerja akan mewakilkan kepada orang tertentu yang ditunjuk, biasanya ketua RT/RW, atau orang yang dituakan di lingkungannya. Nah, ketika menjadi ketua RT, saya pernah mendapat tugas untuk menyampaikan pidato (tanggap wacana) tersebut. ****** Berikut contoh / tuladha atur pambagya harja yang pernah saya sampaikan…. Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. -        Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni -        Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Mah

CONTOH ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN SARIMBIT ACARA NGUNDUH MANTU

Bp-Ibu Bambang Sutopo  Assalamu'alaikum wrwb. 1.      Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.. 2.      Panjenenganipun Bapa Suwardi minangka sulih sarira saking Bapa Gito Suwarno-Ibu Tuginem, ingkang tuhu kinurmatan. 3.      Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya. Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT - Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Bambang Sutopo, S.Pd,  sekalian Ibu Jari, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem. Ingkang sepisan , kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Bambang Sutopo sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem-sapendherek,  ingkang pidalem w onten ing   Dukuh Jenggrik,  Desa Purwosuman,  Kec. Sidoharjo, Kab Sragen. Kaping kalih , menggah salam taklim 

ATUR PASRAH BOYONG TEMANTEN KEKALIH

Salah satu rangkaian adat Jawa setelah melangsungkan resepsi pernikahan adalah, keluarga temanten perempuan memboyong kedua mempelai kepada keluarga orangtua mempelai laki-laki (besan).  Sebelum masuk rumah keluarga besan, diadakan acara “Atur Pasrah” dari keluarga mempelai perempuan, dan “Atur Panampi” dari keluarga besan. Berikut adalah tuladha (contoh) sederhana “Atur Pasrah” yang saya susun dan laksanakan. *** Assalamu ‘alaikum Wr.Wb. Bismillahirrahmanirrahim. Al-hamdu lillahi rabbil ‘alamin. * Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten ** Panjenenganipun Bp.Waluyo dalasan Ibu Sumarni ingkang kinurmatan *** P ara rawuh kakung putri ingkang bagya mulya . Kanti  ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Agung. Sowan kula mriki dipun saroyo dening panjenenganipun Bapa Haji Supriyadi, S.Pd dalasan Ibu Hajah Lasmi ingkang pidalem wonten Plumbungan Indah RT.27/RW.08 Kelurahan Plumbungan, Kecamatan Karangmalang, Sragen, kepareng matur

Pidato Kocak Dai Gokil

Humor sebagai salah satu bumbu komunikasi dalam berpidato hingga kini masih diakui kehebatannya. Ketrampilan   menyelipkan humor-humor segar dalam berpidato atau ceramah,   menjadi daya pikat tersendiri bagi audien atau pendengarnya sehingga membuat mereka betah mengikuti acara sampai selesai. Buku saku berjudul “Pidato-pidato Kocak ala Pesantren” karya Ustad Nadzirin (Mbah Rien) ini mungkin bisa menjadi referensi bagi pembaca yang ingin menciptakan suasana segar dalam berpidato. Buku setebal   88 halaman yang diterbitkan oleh Mitra Gayatri Kediri (tanpa tahun) ini berisi contoh-contoh pidato penuh humor. Membaca buku yang menyajikan enam contoh pidato yang oleh penulisnya dimaksudkan untuk bekal dakwah   para dai gokil dan humoris ini saya ngakak abis .  Pengin tahu cuplikannya? Silahkan simak berikut ini. “Saudara dan saudari.  Baik eyang putra maupun eyang putri…Semua tanpa kecuali yang saya cintai… Meski kalian semua tidak merasa saya cintai…” “…..Allah tela

Atur Wangsulan Lamaran Calon Temanten

Meski tugas juru bicara untuk menyampaikan lamaran (pinangan) seperti yang saya tulis kemarin berlangsung 'glagepan' dan 'gobyoss', namun oleh beberapa teman,  saya dianggap 'sukses'.  "Bagus Pak. Sederhana dan 'cekak aos' apa yang menjadi inti," kata teman.  Tapi bagi saya pribadi, respon teman itu mungkin bisa diartikan lain. Sekedar untuk menyenangkan saya atau 'nyindir'. Namun tetap saya ucapkan terima kasih, karena memberi saya kesempatan untuk belajar dari pengalaman.  Betul. Beberapa hari setelah kejadian itu, saya diminta lagi untuk menjadi 'juru bicara' sebagai pihak yang harus menyampaikan jawaban/tanggapan atas lamaran di keluarga lain. Saya pun tak bisa mengelak. Karena waktunya sangat mendadak maka konsep saya tulis tangan dengan banyak coretan.  Seperti diketahui, setelah adanya lamaran dari keluarga pihak lelaki, biasannya diikuti dengan kunjungan balasan untuk  menyampaikan jawaban atau balasan.

Tanggap Wacana Basa Jawi dan Contoh Lamaran

Di tengah pesatnya perkembangan teknologi informasi yang berpengaruh pada perubahan perilaku masyarakat, ternyata masih banyak orang tetap memegang teguh   dan ‘nguri-nguri’ (melestarikan) warisan ‘Budaya Jawa’. Salah satu warisan tersebut adalah ‘Tanggap Wacana Basa Jawi’ atau pidato bahasa jawa dalam acara-acara adat maupun ‘pasamuan’ (pertemuan) keluarga dan warga kampung, terutama   di ‘tlatah’ (daerah) Jawa Tengah dan Jawa Timur. Atau di berbagai daerah di Indonesia yang terdapat komunitas atau kelompok masyarakat ‘Jawa’. Bagi sebagian orang, meski mereka hidup di lingkungan masyarakat berbudaya Jawa, tanggap wacana basa jawi (pidato bahasa jawa) sering dianggap momok karena sulit pengetrapannya. Ketidakmampuan mereka bisa karena sudah ngga peduli dengan bubaya jawa atau ngga mau belajar, sehingga keadaan sekarang ini ibarat ‘Wong Jowo Ilang Jawane’ – orang Jawa sudah kehilangan jatidirinya sebagai orang Jawa. Namun bagi orang yang kebetulan di- tua -kan di li

ATUR PAMBAGYA HARJA WILUJENG

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. -       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni -       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparing ni’mat saha berkahipun, panjenengan dalasan kula saget makempal manunggal, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya. Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Ignasius Sarono, S.Pd dalasan Ibu Dra. Christiana Sri Wahyuni Kustiasih, M.Pd , ingkang pidalem ing Plumbungan Indah Sragen, wonten kalenggahan punika kepareng matur : Sepisan , bilih Bapa Ibu Iganasius Sarono ngaturaken syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingakang Maha Kawasa, awit   saking Berkahi-pun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kal

ATUR PANAMPI PASRAH CALON TEMANTEN BADE IJAB

Assalamu'alaikum wrwb. -    Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten. -    Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. -    Panjenenganipun Bapak….                  ingkang hamikili Bapak Karjiyono, SE, MM – Ibu Rr. Erniani Djihad Sismiyati (alm) ingkang tuhu kinurmatan. Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka sulih salira saking panjenenganipun Bp. Haji Mulyono Raharjo, S.Pd, MM   sekalian Ibu Sri Sayekti, Sm,Hk keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung. Ingkang sepisan , kula minangkani Bapak Mulyono Raharjo sekalian, dalasan sedaya kulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bapak Karjiyono, sapendherek, ingkang pidalem wonten ing   Jombor Lor, RT.01/18, Kel. Sinduadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Kaping kalih , menggah salam taklim Bp. Karjiyono sekalian lumantar panjenengan s