Skip to main content

Posts

Showing posts from January, 2022

ATUR PAMBAGYA HARJA BAPAK SUGIYONO

  Assalamu ‘alaikum Wr. Wb. Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahi Rabbil 'alamin. Wash-sholatu wassalamu 'ala asy-rofil ambiya-i wamursalin wa 'ala alihi washoh-bihi ajma'in. - * Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni - ** Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan   Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.   Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya . Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Sugiyono dalasan Ibu Siti Rahayu, ingkang pidalem ing Plumbungan Indah RT.26/RW.08 Kec. Karangmalang, Sragen wonten kalenggahan punika kepareng matur :   Sepisan , Bapa Ibu Sugi