Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun kawula nuwun.
Para pepunden sesepuh pinisepuh ingkang kula bekteni.
Para asung pambela sungkawa, para rawuh kakung sunawana putri
ingkang satuhu luhuring budi.
Wonten madyaning
panandang ing ari kalenggahan punika, kula minangka sulih sarira saking Ibu Sri Sumaringsih sakaluwarga kinen hangaturaken atur Pambagyaharja sakderengipun hangkating layon
Almarhum Bapa Sukardono.
Murwakani atur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manengku puja, raos syukur tansah konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah Gusti Ingkang Maha Kawasa. Awit Panjenengan dalasan kula saget makempal wonten papan punika saperlu asung bela sungkawa menggah sedanipun Bapa Sukardono.
Para asung pambela
sungkawa ingkang pikantuk Rahmating Gusti.
Ibu Sri Sumaringsih gotrah kulawangsa lumantar kula, ngaturaken Sugeng Rawuh, lan ngaturaken raos panuwun ingkang tanpa pepindan awit karawuhan panjenengan sedaya.
Ugi ngaturaken
agenging panuwun sedaya pambiyantu awujud punapa kemawon, wiwit nalika Bapa
Sukardono nandhang gerah ngantos sakmangke. Mugi2 sedaya kesaenan Panjenengan
pikantuk piwales sakalangkung Ageng saking Gusti Ingkang Maha Mirah.
Ibu Sri Sumaringsih
sakaluwarga nyuwun pangapunten mbokmenawi anggenipun nampi lan atur palenggahan
panjenengan kirang nuju prana.
Para rawuh kakung
sunawana putri ingkang kinurmatan.o
Kados ingkang sami pirsa, Bapa Sukardono sampun kapundhut wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Ageng, kalawau dalu, Sabtu, 26 Juli 2025 watawis tabuh19.00, saksampunipun Nandhang Gerah. Sedaya kulawarga sampun mboten kirang anggenipun mbudi daya murih saras lan saenipun Bapa Sukardono. Ananging Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ngersaaken sowan wonten ngarsanipun, ngantos Puput yuswa 71 tahun. Almarhum kagungan putra kalih lan wayah cacah tiga.
Ibu Sri Sumaringsih
sakaluwarga nyuwun donga pamuji mugi Arwahipun Bapa Sukardono katampi dening
Gusti, dipun paringi pangapunten sedaya dosanipun, katampi sedaya kesaenanipun. Lepas paranipun, kalebetaken wonten Swarganing Gusti.
Awit saking punika, mbokmenawi Panjenengan sedaya wonten petangan
kalian Almarhum Bapa Sukardono, samangke kesuwun sageta ngendika dumateng keluarga. Ing
pangajab, lampahipun Bapa Sukardono sowan wonten ngarsanipun Gusti saget mbekta kesaenan
ingkang sampurna.
Ing mriki, kula nyuwun paseksen Panjenengan sedaya, Bapa Sukardono
menika seda kanthi sae nggih? Seda kanthi sae nggih? Matur nuwun!
Ingkang pungkasan, panyuwunan saking kulawarga, Panjenengan sedaya saget ndereaken Almarhum Bapa Sukardono tumuju ing Sasana Laya (Makam) Mbah Balak, Plumbungan. Wondene panjenengan wonten pakaryan sanes, Ibu Sri Sumaringsih Sukardono sakaluwarga namung saget ngaturaken Sugeng kondur.
Makaten ingkang saget
kula aturaken. Wonten lepatipun, kula nyuwun agenging samudra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Comments
Post a Comment