ssalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Nuwun kawula nuwun.
Para pepunden sesepuh pinisepuh ingkang kula bekteni.
Para asung pambela sungkawa, para rawuh kakung sunawana putri ingkang satuhu luhuring budi.
Wonten madyaning panandang ing ari kalenggahan punika, kula minangka sulih sarira saking Ibu Sri Suryaningsih sakaluwarga kinen hangaturaken atur Pambagyaharja sakderengipun hangkating layon Almarhum Bapa Budi Suroso.
Murwakani atur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken manengku puja, raos syukur tansah konjuk wonten Ngarsa Dalem Allah SWT , Gusti Ingkang Maha Kawasa. Awit Panjenengan dalasan kula saget makempal wonten papan punika saperlu asung bela sungkawa menggah sedanipun Bapa Budi Suroso.
Para asung pambela sungkawa ingkang pikantuk Rahmating Gusti.
Ibu Sri Suryaningsih gotrah kulawangsa lumantar kula, ngaturaken Sugeng Rawuh, lan ngaturaken raos panuwun ingkang tanpa pepindan awit karawuhan panjenengan sedaya.
Ugi ngaturaken agenging panuwun sedaya pambiyantu awujud punapa kemawon, wiwit nalika Bapa Budi Suroso nandhang gerah ngantos sakmangke. Mugi2 sedaya kesaenan Panjenengan pikantuk piwales sakalangkung Ageng saking Gusti Ingkang Maha Mirah.
Ibu Sri Suryaningsih sakaluwarga nyuwun pangapunten mbokmenawi anggenipun nampi lan atur palenggahan panjenengan kirang nuju prana.
Para rawuh kakung sunawana putri ingkang kinurmatan.
Kados ingkang sami pirsa, Bapa Budi Suroso sampun kapundhut wonten Ngarsa Dalem Allah Ingkang Maha Ageng, kalawau dalu, Senin, 18 Agustus 2025 watawis tabuh 05.00, saksampunipun Nandhang Gerah. Sedaya kulawarga sampun mboten kirang anggenipun mbudi daya murih saras lan saenipun Bapa Budi Suroso. Ananging Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ngersaaken sowan wonten ngarsanipun, ngantos Puput yuswa 73 tahun. Almarhum kagungan putra tiga lan wayah cacah sekawan.
Ibu Sri Suryaningsih sakaluwarga nyuwun donga pamuji mugi Arwahipun Bapa Budi Suroso katampi dening Gusti, dipun paringi pangapunten sedaya dosanipun, katampi sedaya kesaenanipun. Lepas paranipun, kalebetaken wonten Swarganing Gusti Allah SWT.
Awit saking punika, mbokmenawi Panjenengan sedaya wonten petangan kalian Almarhum Bapa Budi Suroso, samangke kesuwun sageta ngendika dumateng keluarga. Ing pangajab, lampahipun Bapa Budi Suroso sowan wonten ngarsanipun Gusti Allah saget mbekta kesaenan ingkang sampurna.
Ing mriki, kula nyuwun paseksen Panjenengan sedaya, Bapa Budi Suroso menika seda kanthi sae nggih? Seda kanthi sae nggih? Matur nuwun!
Ingkang pungkasan, panyuwunan saking kulawarga, Panjenengan sedaya saget ndereaken Almarhum Bapa Budi Suroso tumuju ing Sasana Laya (Makam) Dung Gong, Terik,b Plumbungan. Wondene panjenengan wonten pakaryan sanes, Ibu Sri Suryaningsih sakaluwarga namung saget ngaturaken Sugeng kondur.
Makaten ingkang saget kula aturaken. Wonten lepatipun, kula nyuwun agenging samudra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Comments
Post a Comment