Skip to main content

TANGGAP WACANA ATUR PAMBAGYA HARJA

Pada rangkaian acara resepsi pernikahan, keluarga yang mempunyai hajat (punya kerja), berkewajiban menyampaikan sambutan (tanggap wacana) selamat datang kepada seluruh hadirin. Dalam tatacara resepsi adat Jawa disebut Atur Pambagya Harja, atau atur pambagya wilujeng.


Dalam sambutan ini, orang yang punya kerja akan mewakilkan kepada orang tertentu yang ditunjuk, biasanya ketua RT/RW, atau orang yang dituakan di lingkungannya. Nah, ketika menjadi ketua RT, saya pernah mendapat tugas untuk menyampaikan pidato (tanggap wacana) tersebut.

******

Berikut contoh / tuladha atur pambagya harja yang pernah saya sampaikan….


Assalamu ā€˜alaikum Wr. Wb.

-       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni
-       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan

Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking peparingipun ni’mat saha Ridlanipun, panjenengan dalasan kula saget makempal, silaturahim, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.

Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya.
Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Gatot Sumarsono, SE dalasan Ibu Eny Miarsih wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara FARIDA SITTA MARDIANI, ST dhaup kaliyan Bagus TRI ANGGORO MEYLANTO, ST putra kakungipun Bapa Haji SUWARSO – Ibu Hj, SITI NAZZILAH. Saking Kotabumi – Purwakarta – Cilegon, Banten.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wingi, dinten Jum’at Wage, 17 Oktober, watawis tabuh 20.00 dalu, mapan wonten dalem Plumbungan Indah Kelurahan Plumbungan, Kec. Karangmalang, Kab. Sragen kanthi wilujeng nir ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngawontenaken Pahargyan prasaja minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng rawuh, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapa Ibu Gatot Sumarsono ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan dumateng para sederek, kadang kadeyan pamong mitra, tangga tepalih saha para kadang taruna sedaya, ingkang sampun kanthi lila legawaning manah paring pambiyantu, ingkang awujud puna kemawon, sahengga saget kaleksanan menggah hajatipun.

Bapa ibu Gatot Sumarsono mboten saget ngaturi piwales, sagetipun namung nenuwun, mugi-mugi sedaya pambiyantu lan kesaenan panjenengan sedaya dados amal sholeh, pikantuk piwales sih kanugrahan ingkang sakalangkung kathah saking Gusti ALLAH Ingkang Maha Mirah. Amin ya robbal ā€˜alamin.

Kaping Sekawan, Bapa Ibu Gatot Sumarsono sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Sinaosa Bapa Ibu Gatot Sumarsono sampun hangrantam, hangracik sedayanipun kanthi saestu, namung kasunyatan maksih nguciwani. Awit saking punika, mbok bilih anggenipun mapanaken palenggahan saha caos bojakrama kirang nuju prana, kersa-a para tamu paring samodra pangaksami.

Dumateng para tamu keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi mardika mardikaning manah, sinambi hangrahabi daharan utawi unjukan ingkang sampun kasediyaaken, ngantos purnaning pawiwahan.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih anggen kula matur kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsila, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pagaksami.

Akhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah.
Wassalamu ā€˜alaikum wr. Wb. Nuwun.
Suparto 

Comments

  1. Bapak...kathah seng mboten ngertos...basa jawi nipun...

    ReplyDelete
  2. Replies
    1. Monggo, sinau Basa Krama Inggil. Sedikit demi sedikit ...

      Delete
  3. Terimakasih pak Suparto, dari contoh itu, bisa bermanfaat buat org banyak, dalam hal ini saya yg dlm masyarakat sebagai RT pelayan masyarakat di Solo.
    semoga pak Suparto mendapat ganjaran pahala dari Tuhan.
    terimakasih

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sami2, Mas Bonifasius. Matur nuwun, sudah merespon. Kita sama2 belajar.
      Aamiin

      Delete
  4. Maturnuwun pak nambahi paramasastra basa kulo ingkang nembe sinau babagan pranatacara .

    ReplyDelete
    Replies
    1. Sami2. Kula inggih nembe sinau. Mugi2 migunani kagem bebrayan...

      Delete
  5. Maturnuwun bapak,pengen sanget mendalami Babagan pranata cara lan menapa kemawon.supados adat Jawi saget pun lestari.

    ReplyDelete
  6. mohon izin copy buat belajar anak" muda dilingkungan kami,karena sangat membantu belajar mereka

    ReplyDelete
    Replies
    1. Monggo, silahkan. Semoga bermanfaat. Matur nuwun

      Delete
    2. Mantap... Dan terima kasih banyak,, saya tumggu yang pambagyo harjo walimatul khitan dan aqiqoh...
      Semoga bapak selalu di beri kesehatan yang sempurna..

      Delete
    3. Matur nuwun, sampun paring saran. Mugi2 kula saget tambah greget.

      Delete
  7. Mantab...terimakasih banyak,,saya tunggu pambagyo harjo dalam rangka ealimatul khitan dan aqiqoh...
    Semoga ilmu bapak selalu di beri kesehatan jadi ilmu manfaat,

    ReplyDelete
    Replies
    1. Terima kasih, sudah memberikan support untuk saya. Semoga menjadi menyemangati saya untuk terus berkarya. Insyaallah segera menyusul...

      Aamiin..

      Delete
  8. Ijin copas bapak, bade kulo print kagem sinau, (atur pambagya, atur pasrah, atur panampi, lan sanesipun).. nguri-uri tata krama jawi,.. mugi dados amal kesaenanipun panjenengan... nuwun sanget...

    ReplyDelete
  9. Terimakasih pak Suparto, dari contoh itu, bisa bermanfaat buat org banyak, dalam hal ini saya yg dlm masyarakat sebagai RT pelayan masyarakat di Solo.
    semoga pak Suparto mendapat ganjaran pahala dari Tuhan.
    terimakasih

    ReplyDelete
    Replies
    1. Aamiin. Matur nuwun, Mas Trisuwarno. Kita sama2 belajar hal2 yg bermanfaat.

      Delete
  10. Matur nuwun pak Suparto sampun nularke ilmunipun Mugi Allah paring pahala panjenengan Aamiin.

    ReplyDelete
  11. Insyllh sangat bermanfaat pak,klo gk keberatan nyuwun tulung disertakan terjemahannya agar bisa memahaminya,skligus bahan pembelajaran krna banyak dikamus² jawa yg belum terdeteksi kata²+artinya krna kamusnya byk yg blum lengkap.sewu² pangaksami.mau komentar dalam jawa tapi gak bisa 😁

    ReplyDelete
  12. Terimakasih banyak pak Suparto ini sangat membantu sekali untuk tugas sekolah😊

    ReplyDelete
  13. Wonten ingkang singkat mboten njih pak

    ReplyDelete
  14. Mathur nuwun bopo saget dados setunggalipun conto menawi dipun amanahi athur pambagyo

    ReplyDelete
  15. nderek sinau pak, nderek conto pambagyo harjo saking pihak kakung menawi bade ngunduh mantu, matur nuwun sakderengipun

    ReplyDelete
  16. Nuwun sewu Panjenengaipun Bp.Suparto ...sampun makaping2 kawulo kadawuhan dados sulih sariro saking sederek kulo utaminipun ingkang dawah wreda ...kinen ngatutaraken punopo ingkang dados gatining sedyo umpaminipun ing pahargyan ngunduh mantu ... nanging ingkang kawulo raosaken kok taksih tebih saking kawontenan cekap anggen kawulo matur awit kawulo ngrumaosi lelathi jawi wetan...mugi keparengo ing mriki kawulo nderek ngunduh ngelmunipun ...nuwun

    ReplyDelete
  17. Sae kanthi meniko kulo saget nderek sinau mugi2 saget kados meniko matur sembah nuwun

    ReplyDelete
  18. Bahasanya mudah dipahami dan dihafalkan, terimakasih sudah muncul di pencarian gugel pak. Nderek memanfaatkan

    ReplyDelete
  19. sae sanget.... monggo pun lajengaken.

    ReplyDelete

Post a Comment

Popular posts from this blog

CONTOH ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN SARIMBIT ACARA NGUNDUH MANTU

Bp-Ibu Bambang Sutopo  Assalamu'alaikum wrwb. 1.      Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.. 2.      Panjenenganipun Bapa Suwardi minangka sulih sarira saking Bapa Gito Suwarno-Ibu Tuginem, ingkang tuhu kinurmatan. 3.      Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya. Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT - Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Bambang Sutopo, S.Pd,  sekalian Ibu Jari, keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem. Ingkang sepisan , kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa Bambang Sutopo sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Gito Suwarno sekalian Ibu Tuginem-sapendherek,  ingkang pidalem w onten ing   Dukuh Jenggrik,...

ATUR PASRAH BOYONG TEMANTEN KEKALIH

Salah satu rangkaian adat Jawa setelah melangsungkan resepsi pernikahan adalah, keluarga temanten perempuan memboyong kedua mempelai kepada keluarga orangtua mempelai laki-laki (besan).  Sebelum masuk rumah keluarga besan, diadakan acara ā€œAtur Pasrahā€ dari keluarga mempelai perempuan, dan ā€œAtur Panampiā€ dari keluarga besan. Berikut adalah tuladha (contoh) sederhana ā€œAtur Pasrahā€ yang saya susun dan laksanakan. *** Assalamu ā€˜alaikum Wr.Wb. Bismillahirrahmanirrahim. Al-hamdu lillahi rabbil ā€˜alamin. * Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten ** Panjenenganipun Bp.Waluyo dalasan Ibu Sumarni ingkang kinurmatan *** P ara rawuh kakung putri ingkang bagya mulya . Kanti  ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Agung. Sowan kula mriki dipun saroyo dening panjenenganipun Bapa Haji Supriyadi, S.Pd dalasan Ibu Hajah Lasmi ingkang pidalem wonten Plumbungan Indah RT.27/RW.08 Kelurahan Plumbungan, Kecamatan Karangmalang, Sragen, kepar...

Atur Wangsulan Lamaran Calon Temanten

Meski tugas juru bicara untuk menyampaikan lamaran (pinangan) seperti yang saya tulis kemarin berlangsung 'glagepan' dan 'gobyoss', namun oleh beberapa teman,  saya dianggap 'sukses'.  "Bagus Pak. Sederhana dan 'cekak aos' apa yang menjadi inti," kata teman.  Tapi bagi saya pribadi, respon teman itu mungkin bisa diartikan lain. Sekedar untuk menyenangkan saya atau 'nyindir'. Namun tetap saya ucapkan terima kasih, karena memberi saya kesempatan untuk belajar dari pengalaman.  Betul. Beberapa hari setelah kejadian itu, saya diminta lagi untuk menjadi 'juru bicara' sebagai pihak yang harus menyampaikan jawaban/tanggapan atas lamaran di keluarga lain. Saya pun tak bisa mengelak. Karena waktunya sangat mendadak maka konsep saya tulis tangan dengan banyak coretan.  Seperti diketahui, setelah adanya lamaran dari keluarga pihak lelaki, biasannya diikuti dengan kunjungan balasan untuk  menyampaikan jawaban atau balasan. ...

ATUR PASRAH CALON TEMANTEN KAKUNG BADE IJAB ( Kanthi Prasaja ) )

Setelah dua kali mendapat mandat menjadi ā€˜talanging basa’ atau juru bicara untuk menyampaikan dan menerima ā€˜lamaran’ atau pinangan, dikesempatan lain ternyata saya ā€˜dipaksa’ lagi menjalani tugas untuk urusan adat Jawa. Kali ini, saya diminta salah satu keluarga untuk menjadi juru bicara ā€˜atur pasrah calon temanten kakung’ - pasrah calon mempelai pria, kepada calon besan menjelang acara ijab qabul. Permintaan tersebut saya jalani, meski, sekali lagi, dengan cara yang amat sederhana dan apa adanya. Pengetahuan dan pengalaman yang sangat minim tidak menghalangi saya untuk melaksanakan tugas tersebut sebagai bagian dari pengabdian di tengah masyarakat. ****** Berikut contoh atau tuladha apa yang saya sampaikan tersebut. Assalamu 'alaikum wr.wb. Ā·           *** Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.      *** Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. Ā·          *** Pan...

laporan Panitia Halal Bihalal 1445 H

  Assalamu ā€˜alaikum warahmatullahi wa barakatuh.   . Yth. Ketua RT 26 . Sesepuh pinisepuh . Segenap warga RT 26 . Bapak Ibu hadirin yang berbahagia.   Puji syukur kita persembahkan kepada Allah SWT Tuhan Yang Maha Esa atas segala nikmat-Nya sehingga malam ini kita bisa hadir berkumpul di tempat ini dalam rangka mengikuti acara Halal Bihalal Tahun 1445 H / 2024 M, Warga RT 26 Plumbungan Indah dalam suasana penuh kebersamaan dan guyub rukun.    Ijinkan kami selaku panitia melaporkan secara singkat tentang kegiatan malam ini.  1.            Kegiatan Halal Bihalal tahun ini dilaksanakan berdasarkan hasil   kesepakatan warga RT 26 Plumbungan dalam pertemuan tanggal 7 April dan 4 April 2024, serta rapat panitia tanggal 17 April 2024.   Kami ucapkan selamat datang dan terima kasih atas kerawuhannya. Mohon maaf jika dalam menyambut, menghormati, menempatkan dan memberikan suguhan ku...

ATUR PANAMPI PASRAH CALON TEMANTEN BADE IJAB

Assalamu'alaikum wrwb. -    Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten. -    Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. -    Panjenenganipun Bapak….                  ingkang hamikili Bapak Karjiyono, SE, MM – Ibu Rr. Erniani Djihad Sismiyati (alm) ingkang tuhu kinurmatan. Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, kula minangka sulih salira saking panjenenganipun Bp. Haji Mulyono Raharjo, S.Pd, MM   sekalian Ibu Sri Sayekti, Sm,Hk keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah calon temanten kakung. Ingkang sepisan , kula minangkani Bapak Mulyono Raharjo sekalian, dalasan sedaya kulawarga ngaturaken pambagya sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bapak Karjiyono, sapendherek, ingkang pidalem wonten ing   Jombor Lor, RT.01/18, Kel. Sinduadi, Kecamatan Mlati, Kabupaten Sleman, Ngayogyakarta ...

ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Assalamu 'alaikum wr.wb. - Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten. -Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. -Panjenenganipun  Bapa ………………..        minangka sulih sarira  saking  Bapa BUDI PRANOTO, S.Pd sekalian Ibu KUN MARYATI, S.Pd. ingkang tuhu kula kurmati. Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng ALLAH SWT., Gusti Ingkang Maha Kawasa, kula minangka sulih salira saking panjenenganipun Bp. Haji SUDARNO, S.Sos  sekalian Ibu Hajah CIPTANTI DWI PRIYANTINI, S.Pd keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah temanten kakung. Ingkang sepisan , kula minangka sulih sarira Bapa Haji SUDARNO,S.Sos sekalian,dalasan sedaya kulawarga ngaturaken pambagya sugeng sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bapa BUDI PRANOTO,S.Pd sekalian dalasan sedaya panderek. Kaping kalih , menggah salam taklim Bp-Ibu BUDI  lumantar panjenengan, sampun katampi, dhawah sami-2, kanthi-atur wa'ala...

Tanggap Wacana Basa Jawi dan Contoh Lamaran

Di tengah pesatnya perkembangan teknologi informasi yang berpengaruh pada perubahan perilaku masyarakat, ternyata masih banyak orang tetap memegang teguh   dan ā€˜nguri-nguri’ (melestarikan) warisan ā€˜Budaya Jawa’. Salah satu warisan tersebut adalah ā€˜Tanggap Wacana Basa Jawi’ atau pidato bahasa jawa dalam acara-acara adat maupun ā€˜pasamuan’ (pertemuan) keluarga dan warga kampung, terutama   di ā€˜tlatah’ (daerah) Jawa Tengah dan Jawa Timur. Atau di berbagai daerah di Indonesia yang terdapat komunitas atau kelompok masyarakat ā€˜Jawa’. Bagi sebagian orang, meski mereka hidup di lingkungan masyarakat berbudaya Jawa, tanggap wacana basa jawi (pidato bahasa jawa) sering dianggap momok karena sulit pengetrapannya. Ketidakmampuan mereka bisa karena sudah ngga peduli dengan bubaya jawa atau ngga mau belajar, sehingga keadaan sekarang ini ibarat ā€˜Wong Jowo Ilang Jawane’ – orang Jawa sudah kehilangan jatidirinya sebagai orang Jawa. Namun bagi orang yang kebetulan di- tua -...

ATUR PANAMPI CALON TEMANTEN PUTRI BADE IJAB

Ternyata, pelan-pelan saya harus menceburkan diri kedalam tata cara adat Jawa yang semula kurang saya sukai karena serba ā€˜njlimet’ dan kadang terlihat tidak rasional. Padahal yang saya jalani itu baru masuk pada bagian kecil dari serangkaian adat yang merupakan bagian dari budaya Jawa. Itupun baru sebatas pada ā€˜tanggap wacana’ yang jelas tampak, kasat mata,   dan mudah dipelajari. Namun bagi saya masih terasa berat. Episode berikutnya dari tugas kehidupan yang harus saya jalani adalah menjadi juru bicara dari keluarga calon mempelai wanita untuk menerima pasrah calon temanten pria. ****** Inilah tugas ā€˜Atur Panampi saking Calon Temanten Putri Bade Ijab’. Assalamu 'alaikum wr.wb. - Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten. - Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan. - Panjenenganipun   Bapa Drs. NUR SUSANTO minangka sulih sarira   BapaHaji EDY SUDADI sekalian Ibu Hajah KONITUN, S.Pd. ingkang tuhu kinurmatan. Kanthi ngonjukak...