Skip to main content

Posts

Showing posts from December, 2021

ATUR PAMBAGYA HARJA BAPAK/IBU SUKARDONO

  Assalamu ‘alaikum Wr. Wb   -       Para Sesepuh Pinisepuh, ingkang satuhu kula bekteni -       Para Rawuh Kakung sumawana putri ingkang kinurmatan Sakderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten kelenggahan punika, sumangga panjenengan sedaya kula derek-aken ngunjuk-aken raos syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit saking nikmat saha berkahipun, panjenengan dalasan kula saget makempal manunggal, wonten papan punika kanthi wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa. Para Rawuh Kakung Sumawana Putri ingkang minulya . Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapa Sukardono dalasan Ibu Sri Sumaringsih, ingkang pidalem ing Plumbungan Indah, Karangmalang Sragen, wonten kalenggahan punika kepareng matur : Sepisan , Bapa dalasan Ibu Sukardono ngaturaken syukur dumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, awit  saking Berkahi-pun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang