Skip to main content

ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN KAKUNG

Assalamu 'alaikum wr.wb.

-Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten.

-Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.

-Panjenenganipun  Bapa ………………..        minangka sulih sarira  saking Bapa BUDI PRANOTO, S.Pd sekalian Ibu KUN MARYATI, S.Pd. ingkang tuhu kula kurmati.

Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng ALLAH SWT., Gusti Ingkang Maha Kawasa, kula minangka sulih salira saking panjenenganipun Bp. Haji SUDARNO, S.Sos  sekalian Ibu Hajah CIPTANTI DWI PRIYANTINI, S.Pd keparenga tumanggap atur menggah paring pangandikan pasrah temanten kakung.

Ingkang sepisan, kula minangka sulih sarira Bapa Haji SUDARNO,S.Sos sekalian,dalasan sedaya kulawarga ngaturaken pambagya sugeng sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bapa BUDI PRANOTO,S.Pd sekalian dalasan sedaya panderek.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bp-Ibu BUDI  lumantar panjenengan, sampun katampi, dhawah sami-2, kanthi-atur wa'alaikumussalam wr.wb.

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken putra temanten kakung nun-inggih Bagus   DESKA PRAMARDANU, SH ingkang kala wau sampun kalampahan Ijab Qabul, dhaup kalian Roro DESTIANA CANGGIH SETYOWATI,S.Pd,--Bapa-Ibu SUDARNO Sak-kulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning manah.

Makaten ugi sedaya pisungsung, ubo rampe dalasan tali asih, ingkang mboten saged kula sebataken setunggal boko setunggal, ingkang sampun panjenengan paringaken, Bapa SUDARNO sekalian hanampi kanthi ikhlasing manah. Mugi sedaya kala wau dados tandha tetalining ketresnan lan kekadangan ing antawisipun kulawarga Bapa SUDARNO  kalian Kulawarga Bapa BUDI PRANOTO, mliginipun temanten kekalih.

Dumateng Bapa ……………..        sak penderek, kula aturi pinarak lenggah kanthi mardika mardikaning manah, ngantos purnaning adicara. 

Panyuwunipun Bapa-Ibu SUDARNO, mugi panjenengan sarombongan keparenga paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih, ingkang bade nggebyur wonten madyaning bebrayan agung. Mugi dados kulowargo ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun. Aamiin ya Rabbal ‘alamin.

Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, hanampi, saha hanglenggahaken, kathah kekirangan saha mboten rena ing penggalih panjenengan sakrombongan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.

Nuwun.

Wassalamu ‘alaikum wr.wb.

Suparto




Comments