Poro ADIYUSWO, supoyo uripé lêstari prayogo lan raharjo kudu nginggati : '4' (papat) : 1. Ojo Nganggur ~ Sênadyan wis tuwo, prayogané têtêp nindakaké pakaryan ... opo waé ... thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kêgiatan. Bab iki supoyo pikiran ya mlaku têrus ... marak'ké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih têtêp biso diobahaké ora lêmês lan ora kaku. 2. Ojo Ngoyo ~ Tegês'sé : makaryo ya makaryo, nanging sabisané ... sakuwaté ... sakpénaké ... sakcukupé. Kudu éling yèn piyé-piyé awaké wis lungsé ... wis ora kuwat koyo naliko enom. Sak kuwat-kuwat'té manungso ... Opo manèh wis Adiyuswo, mêsthi ono watês'sé. Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo ... uga yèn olah raga, uga samadyo waé ... yèn wis kroso sayah kudu lèrèn ... bèn jantungé ora kabotan. 3. Ojo Nglokro ~ Sênadyan uwis tuwo ... nanging ojo nganti nglokro ... rumangsa wis ora kuwat ... wis ora murwat ... wis ora kanggo lan wis loyo ... Sênadyan wis tuwo nanging mêsthi isih piguno : - piwulangé ....